Minggu, 06 Januari 2013

Bossanova Jawa - Nandang Bronto

suk kapan biso kelakon
sliramu, dadiku sisihanku
wes suwe ngonku ngenteni
ning sliramu, sajak ora ngerti

opo sliramu ra kroso
atiku, lagi nandang bronto
aku nyuwun palilah-mu
timbangono katresnanku iki

tak rewangi awak kuru
saben ndino mung ngagas sliramu
tak suwun rino lan wengi
mugo-mugo ketekan sedyaku

opo pancen koyo ngene
rasane wong kang nandang bronto
sedino ora ketemu,
rumangsaku wes koyo sewindu

-interlude-

tak rewangi awak kuru,
saben ndino mung ngagas sliramu
tak suwun rino lan wengi,
mugo-mugo ketekan sedyaku

opo pancen koyo ngene
rasane wong kang nandang bronto
sedino ora ketemu,
rumangsaku wes koyo sewindu

0 komentar :

Posting Komentar