Sabtu, 20 Agustus 2011

Bossanova Jawa Lirik

Tangise Ati

Udan deres wayahe wis wengi

Njur kelingan lungamu dek wingi

Opo wes dadi garising pesti

Kowe bakal cidro janji

Senajan uripku rekoso

Kabeh mau bakale tak tompo

Nuruti gegayuhaning roso

Bebrayan urip klawan diko

Kowe lungo tanpa kabar

Nganti seprene

Larane ati sing nyonggo aku dhewe

Ora ngiro yen bakal ngene dadine

Wes wes yo wes yen ngono

Yo wes tak lilakake


Bocah Ndeso

iboh bungahku

Yen aku dadi mitramu

Tindak-tandukmu mung tansah nggodho

Opo karepmu aku mung tansah setuju

Janji slirahmu ora gawe gelo aku

Nanging kepiye sajak-sajake

Slirahmu ngece marang aku ora nggape

Aku rumongso pancen aku bocah ndeso

Aku ra bondo lan kurang totokromo



Keno Godho

Nalikane dek jaman semono

Tresnamu setio lan tuhu

Anane mung tansah ngalembono

Jujur ora natih cidro

Mulo aku tansah angimbangi

Tresnaku kino ginowo mati

Ora ono lintang kang sumunar

Amung ndiko pepujanku

Slirahmu pamit tugas ngayahi

Mring rahayuning sesami
Nggonku nguji kariyo basuki

Sok kapan anggonmu bali

Peteng ndedhet rasaning atiku

Bareng kekrungu kabarmu

Nyatane seng kundur mung layangmu

Ora ngiro keno godho


Layang Kangen

Layangmu tak tompo wingi kuwi

Wis tak woco opo kareping atimu

Trenyuh ati iki moco tulisanmu

Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi

Iki ugo aku mesti enggal bali

Neng kepiye maneh mergo kahananku

Wong bagus antenono tekaku

Ra maido sopo wong ora kangen

Adoh bojo pengen turu angel merem

Ra maido sopo wong seng orang trenyuh

Ra kepethuk sak wetoro pengen weruh

Percoyo aku kuatno atimu

Wong bagus entenono tekaku



Pupus Tresno

Wis tak petani salahku opo

Duh wong bagus omongo sing cetho

Ojo njur lungo gawe atiku gelo

Opo mergo wis ono wong liyo

Aku rumongso pancen aku ra bondo

Ora rupo ojo gawe loro

Pupus roso tresno

ambarwangi kowe sing nyirami

Garing tanpa guna nalikane kowe ninggal lungo

Pancen aku ora ngiro kowe bakal ninggal lungo

Opo mergo wes ono wong liyo


Tanjung Mas Ninggal Janji

Bebasan koyo ngenteni

Udan ning mongso ketigo

Senajan mung sedelo ora dadi ngopo

Penting bisa ngademke ati

Semono ugo rasane atiku

Mung tansah nunggu tekamu

Ra kroso setahun kowe ninggal aku

Kangen… kangene atiku

Aku sih kelingan naliko ing pelabuhan

Kowe janji lungo ra ono sewulan

Nanging sak iki wis luweh ing janji

Nyatane kowe ora bali-bali.

Ning pelabuhan tanjung mas kene

Biyen aku ngeterke kowe

Ning pelabuhan semarang kene

Aku tansah ngenteni kowe



Kasmaran

Yen arep crito karo sopo

Yen ora crito kok tambah nelongso

Ooh soyo suwe kok ngene rasane

Sedino-dino kok ngatoni wae

Yen ora sambat wis ra kuat

Arep njaluk tulung bingung lehku nembung

Tekan suk kapan iso nandang iki

Kasmaran kenyoto kepati-pati

Tindak-tanduke anteng dadi gawe

Larang eseme nggreget’ake

Yen ki mung ngimpi ora popo

Ben ati iki biso dadi lego

Dheweke teko lan kondo yen tresno

Yo piye Aku pasrah lan lilo



Mawar Biru

Tumetesing waspaku

Ora tego rasaning atiku

Ninggalake slirahmu prio idamanku

Tansah katon esemu ngawe-awe

Rasaning atiku

Ngelengake nalika bareng mlaku-mlaku

Ora nyana ora ngiro

Yen ngene dadine

Aku kudu melu

Ndherekake rama lan ibuku

Muleh ning ndesaku

Wekasan mung welingku

Aku titip kembang mawar biru

Openono minangka tandha katresnanku


Lingsir Wengi


Lingsir wengi sepi durung biso nendro

Kagoda mring wewayang kan ngreridu ati

Kawitane mung sembrono njur kulino

Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno

Nanging duh tibane aku dhewe kang nemahi

Nandang bronto kadung loro

Sambat sambat sopo

Rino wengi sing tak puji ojo lali

Janjine mugo biso tak ugemi



Ketaman Asmara


Saben wayah lingsir wengi

Mripat iki ora biso turu

Tansah kelingan sliramu

Wong bagus kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku

Arep sambat nanging karo sopo

Nyatane ora kuwowo

Nyesake atiku

Sansoyo nelongso

Wis tak lali-lali

malah sansoyo kelingan

Nganti tekane sok kapan nggonku

Mendem ora biso turu

Opo iki sing jenenge

wong kang lagi ketaman asmara

Prasasat ra biso lali

ishuk awan wengi tansah mbedo ati


Lingso Tresno

sindap
sing ono rambutku iki
sing iso tak kramasi
nanging yen ngramasi loro ati
ora gampang koyo mijet wohing ranti

lingso
sing ono rambutku iki
sing iso tak petani
nanging yen metani loro ati
ora gampang koyo mijet wohing ranti

endahe ombak segoro parangtritis
sak kiduling yogjo
eling aku tansah eling
sanadyan kowe ora eling

3 komentar :

Anonim mengatakan...

keren..

ManusiaMu mengatakan...

Aku bangga terlahir sebagai Orang Jawa....

Unknown mengatakan...

Mbak bisa nyediain chord2 gitar nya ga?

Posting Komentar